Minggu, 29 Juni 2008

CERKAK

GEGER KARANG KADHEMPEL

dening Ratna Dewi

Srengenge durung ungup-ungup. Nanging, wong sadesa wis nglumpuk ing pendhapa daleme Lurah Semar. Lanang wadon, gedhe cilik, ora ana sing cicir. Tumplek-bleg nganti mbludak tekan latar lan dalan.

Ora ana tontonan. Ora ana slametan. Ora ana apa-apa babar-pisan. Mung ana swara pating bengok, jerit memetik, lan tangis sesenggukan.

“Piye larah-larahe, Reng?! Kok Mbah Semar nganti ilang!”

“Kowe kuwi piye ta, Truk?! Njaga wong siji wae kok ora bias!”

“Bagong barang kuwi gayewane apa?!”

Pating clebung. Ora ana pitakonane warga sing kober sinauran. Durung nganti Gareng omong, wis ana sing takon, ana sing ngunek-ngunekake, ana sing mencak-mencak nesu sakarepe dhewe. Ribut.

Petruk ora wangsulan amarga dhewe pancen bingung. Wira-wiri nganti kaya gangsingan. Mlebu-metu ora genah sing diayahi. Sedhela-sedhela sambat, gremengan omong dhewe. Ora cetha apa sing diucapake. Jibeg.

Bagong sing katon beda. Dheweke lungguh ing pinggir pendhapa. Katon anteng. Ora maelu marang ubege para warga. Tangane tengene katon nggegem telepon seluler. Sedhela-sedhela katon ditemplekake kuping tengen, kaya lumrahe wong lagi telpon. Lambene katon umak-umik kaya lagi omongan. Nanging ora keprungu apa sing diomongake liwat HP. Swarane kalah, kasilep ramene wong sadesa sing opyak kelangan Lurah Semar.

Nganti tekan jam sanga, durung ana owah-owahan apa-apa. Isih panggah pating cruwet kaya bethet. Kahanan tansaya tintrim. Wong-wong wadon sing pijer nangis wiwit esuk uthuk-uthuk, nangisi Lurahe sing ilang, saiki siji mbaka siji katon tansaya kelangan daya. Ana sing sumaput. Ora mung siji. Akeh. Tangise bocah-bocah cilik tansaya mbrebegi. Wong-wong lanang isih panggah mempeng ngundamana Gareng. Nuding-nuding ngluputake. Misuhi samareme. Ngaplok sakayange. Lan liya-liyane.

Petruk katon klebus. Klambine teles amarga kringet. Katon tansaya pucet. Kesel anggone mloka-mlaku, mloya-mlayu, mlebu-metu. Nanging durung katon arep leren lungguh sedhela utawa nglodhangake wektu kanggo mangsuli pitakonane para warga.

Lamat-lamat ana swara mobil teka. Tenan. Ora kleru. Katon ana sedhan ireng mulus mlebu plataran. Wong sadesa mlongoh bareng weruh kreta mesin sing gilape ngungkuli bathuk prawan. Bagong ngadeg lan semu mlayu mapag tekane tamu. Lawang sedhan sing sisih mburi kiwa menga. Ana priyayi bagus nganggo jas ireng, clana ireng, klambi putih, dhasi biru, lan sepatu ireng kinclong, metu lan age-age nyalami Bagong sing wis mundhuk-mundhuk ing ngarepe.

“Aja sumelang. Mengko Mas Gathut uga bakal tindak mrene. Yen wis padha rawuh, mesthi bisa dijak rembugan nggoleki dununge Kang Semar,” ngono ujare priyayi bagus iku marang Bagong.

“Nggih. Mangga dipuntengga ing lebet kemawon,” wangsulane Bagong marang priyayi bagus iku lan banjur mlaku mlebu pendhapa bareng.

Wong sadesa sirep. Wis ora paling clebung. Wis padha meneng. Mung kari tangise bocah-bocah cilik sing isih keprungu. Wong sadesa mung mlongoh tanpa kedhep nyawang tamu bagus sing numpak sedhan ireng mau. Semune gumun. Sing lanang gumun marang kasugihane amarga kuwat tuku mobil sedhan. Sing wadon gumun nyawang baguse sing jebles Pak Janaka, bupati Madukara.

Ora let suwe ana swara gumuruh saka ndhuwur. Wong sadesa padha ndhangak. Katon ana helikopter sing tansaya mendhak kaya arep mundhun ing ngarep daleme Lurah Semar.

“Kae, Mas Gathut wis rawuh,” ujare tamu bagus mau marang Bagong.

Tanpa mangsuli, Bagong mlayu mapag tekane tamu sing numpak helikopter.

Wong sadesa tansaya sidhem. Ora mung sing tuwa. Bocah-bocah sing nangis kekejer wis wiwit sirep. Wis wiwit ana sing arep ngguyu bungah weruh helikopter mudhun ing desane.

“Sugeng rawuh, Mas Gathut. Mangga tindak lebet. Sampun dipuntengga Mas Abimanyu,” ature Bagong marang tamune sing lagi mudhun saka heli.

Kekarone banjur mlebu pendhapa.

“Sugeng rawuh, Mas,” ujare tamu sing bagus mbagekake Gathut, tamu gagah gedhe-dhuwur sing tekane nggawa heli.

“Wis suwe, Dhik?”

“Dereng kok.”

“Iki Gareng karo Petruk menyang endi, Gong?” Gathut ganti takon marang Bagong.

“Hla nika,” wangsulane Bagong karo nuding mburi

Tamu kekarone njomblak. Ing saka pendhapa sisih mburi wetan, Gareng sumendhe tanpa daya. Ambegane katon mengkis-mengkis. Raine kebak tatu biru erem. Kahanane kaya wong mentas kena pidana.

“Petruk nika,” Bagong nuding sisih kulone Gareng.

Tamu kekarone mendelik saya kaget. Petruk mengkurep ing ndhuwur lincak. Blas ora obah, nanging ora kaya wong sing lagi turu.

Durung ilang kagete. Ing plataran ribut. Wong sadesa jebul wis padha kroyokan, rebut dhisik mlebu mobil sedhan lan helikopter. Kisruh. Bocah-bocah kepidak, kesampar, lan ketendhang. Sing wadon ketrajang lan kebanting. Sing lanang gelut dhewe-dhewe. Antem-anteman, jotos-jotosan, kaplok-kaplokan, jegal-jegalan, banting-bantingan. Rebutan. Rebut dhisik pengin ndemok heli lan sedhan. Pengin ngrasakake lungguh anteng, nanging mesat katut playune sedhan. Pengin ngrasakake mabur numpak helicopter, ngoyak abure angen-angen.

Geger. Karang Kadhempel geger. Tininggal lurah Semar.

*** dimuat di rubrik Jagad Jawa, Harian Jogja, 29 Juni 2008

Tidak ada komentar: