dening : Sugito Hadi Supadma
Keplayu Gegayuhan
nyawaku durung pecat
nalika angin wengi nyebar ganda wengur
gandane bangke manungsa
ora ana sing kesripahan
sanajan kabeh nganggo busana sarwa ireng
jagat durung kiamat
sanajan kalbu kasempyok barat sindhung-riwut
mangsane isih ketiga
rikala angen-angenku udan tangis riwis-riwis
sirahku mijilake kukus kumelun
kaya-kaya bagaskara mung sagaduking pangawe
wanci bangun rasane gerah-uyang
ora ana bun ora ana pedhut
kabeh sarwa kosok-balen
nalika aku jenak ngimpi
sinambi ngakep udud
Magetan, 2003
Guritan Sambat
Aku kudu kandha apa?
Saweneh pitakonan saur-manuk nampeg rasa
Aku kudu menyang endi?
Jangkah wis kebacut tekan prapatan
Ngetan durung mesthi katekan
Ngidul ora tamtu kabul
Yen ngulon durung mesthi klakon
Lamun ngalor, lupute luhur bakal asor
Aku kudu piye?
Sikil iki wis ora kuwat pijer mbegegeg tanpa kajat
Yogyakarta, 2003
(dimuat di Harian Jogja dengan nama pena : M Rasyid)
Kidung Manyura
Dheweke isih ngakep udud
nalika keprungu Bang-bang Wetan
Ora merga betah melek
Ora merga ketaman sedhih
Dheweke mung emoh kelangan wewayangan
: ayumu, manismu, kewesmu
nyata ngegla ngebaki netra
Bungah banget atine
tansah sumandhing sliramu
Mung ing pangangen-angen
Sinanggit ing langgam kasmaran
ndumeling ngantariksa marengi lakune bayu
aweh warta ing salumahing jagat-kurebing langit
yen dheweke tresna sliramu
Yogyakarta, 2004
Guritan Kekes
(sekar tunjung kumambang ing madyaning talaga wening
nadyan ora ngganda nanging endah sinawang ing wanci dalu
rikala purnamasidhi ngreridhu
ati kang kambang-kambang
karana kasunyatan siwah kalawan panjangka)
Nimas, luput iku jatining sipat
aku butuh luput supaya bisa bener
senajan durung mesthi pener
ora genah merga durung prenah
iku lumrah, Yayi
wong lali iku isih begja
samangsa bisa eling, Wong Ayu
aja kokjantur ati kang wis ora duwe pangarep-arep
babar pisan
kajaba welas-asih katresnanmu
: pindhane sadpada kang nganti-anti jumedhule surya
pamrihe bisa ngisep sarining sekar tunjung
kang endah kae
Yogyakarta, 2003
Langgam Eling-eling
abyoring kartika mbengkas sureming cakrawala
samirana midid miyak tistising dhadha
aluning samodra nampeg jenjeming rasa
panca ari lumaku ninggal wewayangan ing weninging tirta
batin gumregah kebak panjangka
karep jumangkah ngenut gatraning marga
lakuning kala leladi ubaling asmara
adreng dening kapang mring wanita sulistya
kang setya nunggu ing waliking rasa sujana
Selat Bali, 2005
(dimuat di Harian Jogja dengan nama pena : M Rasyid)
Iki Bongkote Prekara!
Wanita, sliramu salah panduga! Sing koktampa iku dudu
wedharan Sastra Jendra! Mung ujar lamis pamiluta! Rerekane
Begawan wedi ngoncati donya!
Wanita, sliramu kurang pramana! Sing kokgegem iku dudu
cupu manik Astagina! Mung basa endah pangela-ela! Ciptane
Bathara kadunungan murka!
Wanita, sliramu lena ing panggrahita! Sing kokungak iku dudu
lawange Swarga! Mung pangrungum kinarya-karya! Yasane
Ratu durjana memba-memba!
Wanita, pulunge tresna ora mapan ing kedale lathi! Ora katut
nemplek ing busana adi! Ora manggon ing sandhuwure
tumpukan rukmi!
Wanita, ora ana anak sing lair Sukerta! Mung tresnamu
sing kulak memala!
Yogyakarta, 2006
Kinanthi Kala
Kleyang kabur kanginan
tanpa dhangka lan praceka, tanpa sangkan lan paran
Kala dadya kamulan
lumampah manjing ing kala
purna pinesthi titining kala
Ingong mangawula karana kala
kapanggya Paduka ing madyaning kala
karya darma kalanira Paduka darmakala
Samangkya kalaningwang gantya karya
mungkasi suwita jroning kala Paduka
mung santi astu sinareng lampahing kala
dahat sunpuja pinangka songsonging kala
Ala lan luput kalaning pungkur
cengkah-bengkahing pratingkah
nisthaning tindak kang tumanduk
siwah-wuwuhing sengguh
imur-susuring tutur
abdi sumarah ing aksamaning manah
abdi manganti astuti
Yogyakarta, 2003
Tidak ada komentar:
Posting Komentar