Ki Sasmita
1. prayogane pra taruna padha rukun
nyawiji ing tekad
saiyeg saeka kapti
munah satru memalaning jiwa raga
2. sanityasa ngupadi undhaking ngelmu
ing sadhengah papan
linambaran niyat suci
tapa ngrame caos bukti mring bebrayan
3. tansah suka legawa tulung-tinulung
sapadhaning titah
sami andum tresna-asih
bungah bareng nadyan urip kecingkrangan
4. puguh akur senadyan beda panemu
suthik cecengkahan
senadyan geseh pangesthi
tambal-sulam amrih rahayuning jangkah
pituturing dwija
minangka gegaran dhiri
tansah nyuwun sih-wilasaning Jawata
Kapcak ing Jagat Jawa, Harian Jogja, Minggu Wage, 15 Juni 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar