Ki Sasmita
- tansah dadi gegadhangan
sinembuh donga-puji ing rina-wengi
dening rama tuwin ibu
muga-muga pra putra
sembada ngadeg netepi budi luhur
ngedohi laku dursila
adhedhasar kawruh suci
- nulung ingkang kacingkrangan
tulus suci tanpa sineselan pamrih
ingkang sedhih denlelipur
bareng ngrasakke bungah
ingkang lara ingupadi tambanipun
ingkang luput denwewulang
marang pakarti kang becik
Tidak ada komentar:
Posting Komentar