LANDHEPE ILAT
Tanpa krungu kenthong titir, tanpa sasmitane gagak, tanpa swasana tintrim, ngreti-ngreti ana rajapati. Ana sing mati ing jero kamar, ana sing mati ing tengah dalan. Ora amarga nglalu, ora amarga keracunan panganan, ora amarga kecelakaan. Embuh mula-bukane. Sing mesthi, ana sing njalari tekane pati.
Sapa sing ora welas nyawang bocah sing umure durung jangkep rong puluh taun wis dipethuk malaekat jurupati. Sedhenge weruh sing wis ompong-peyot jambul-uwanen sowan Gusti wae meksa sedhih. Nanging, tangis ya mung tiwas tangis. Ora ana critane wong mati bali urip maneh amarga dilabuhi luh dleweran. Tur, yen gelem nglenggana, kapan tekane pati lan apa jalarane pati iku rak wenange Sing Gawe Urip.
Upama kudu ana sing digetuni, sajake luwih prayoga welas marang kanyatan ajine nyawa ing jaman saiki. Kaya-kaya isih aji godhong jati aking. Bebrayane manungsa tansaya mutawatiri, tansaya adoh saka kamanungsan. Ukum negara ngugemi bener lan adil, nanging akeh sing mung ngugung benere dhewe tanpa maelu dununge adil. Yen ana prekara, anggone ngrampungi jebul ora cukup mung kanthi dirembug. Dadak nganggo padu. Dadak dilabuhi gelut. Kepara malah tegel paten-pinaten.
Neka-werna sing dadi jalarane memala. Wiwit saka prekara rebutan warisan nganti tekan rebutan pacar. Prekara pilihan presiden tekan prekara pilihan dhukuh. Prekara agama tekan prekara rokok. Prasasat ora ana prekara sing kalis bebaya pati.
Ora mung preman sing tegel nyebar rajapati. Suporter bal-balan bisa ngluwih-luwihi. Bocah sekolahan padha kendel kroyokan. Pegawe Pemda wani jotosan. Sing luwih elok, wong pamit nonton campursari wae, bisa mulih mung kari klambi.
Menawa diprinci, ing endi-endi papan, apa wae kedadene, bongkote jalaran iku racake ora adoh saka galap-gangsul landhepe ilat. Kawiwitan saka gojegan, sembranan, wada-winadan, banjur tukaran. Senajan sedulur, kanca kenthel, lan tangga, bisa dadi mungsuh tenan. Luwih-luwih sing mung lagi pisan ketemu.
Mula, ora ana alane yen saiki awake dhewe padha miwiti bebarengan, padha dene ngeman kedale lathi, ngeman kawetune tembung, ngeman turahe ukara, kejaba ngemungake kanggo nyengkuyung katentreman.
Muga-muga ora ana rajapati nalika nonton wayang, beksan, utawa klenengan. Nggegirisi tenan.
Kapacak ing Jagad Jawa Harian Jogja, Minggu Wage, 15 Juni 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar