PASAR IKU ….
Sugito HS
Pasar Gedhe (Rejowinangun) Magelang kobong. Krungu kabar iku awake dhewe mesthine wis ora bakal kaget. Wis lumrah. Wis kaprah pasar tradhisional kobong. Tur racake ora cetha jalarane. Ngreti-ngreti geni wis kobar mulad-mulad. Ganti dina pasare wis ludhes. Ganti wulan pasare dibangun. Ganti taun cakrike wis beda.
Apa pancen wis ginaris yen pasar tradhisional kuwi kudu entek, kobong siji-mbaka siji, banjur anane mung supermarket, hypermarket, mall, megamall, lan sapiturute, sing ora bakal keconggah nggandheng simbok-simbok bakul?
Gelem ora gelem awake dhewe kudu nglenggana yen saiki pancen wis tekan titimangsane “pasar bakal ilang kumandhange”. Ora mung jalaran gedhonge (pasar modhern) sing gedhe lan rapet, saengga ramene wong blanja ora bakal keprungu saka njaba. Nanging, sing luwih wigati, “kumandhange” para bakul sing tetawa dagangan lan “kumandhange” wong tetuku sing nganyang dagangan, cetha ilang.
Kamangka, ing kono iku gunane pasar tumrap urip bebrayan. Pasar, tumrape para bakul, ora mung dadi papan kanggo mupu sayembara antarane tuna lan bathi. Pasar uga ora mung dadi jujugane wong-wong sing arep tetuku kanggo nyukupi kabutuhane kulawarga. Pasar, tumrape masyarakat, minangka papan sesrawungan.
Pasar iku sekolahan. Senajan pangkate sundhul langit, yen tetuku kudu nganyang utawa paling ora kudu gelem takon regane. Senajan drajate mung gedibal pitulikur, sing jenenge bakul iku kendel tetawa dagangane marang sapa wae. Iki cetha sarana sing murah kanggo nggladhi mental supaya bisa srawung ing tataran sosial. Pasar iku welas asih. Barang sing regane (ditawakake) seket ewu bisa dadi telungpuluh ewu mung jalaran bakule welas nyawang kahanane sing tuku. Pasar iku koran murah. Sakabehe kabar ing dina iku bakal diwartakake dening sapa wae, marang sapa wae, pamrihe bisa tulung-tinulung, ayom-ingayoman. Pasar iku gapyak. Sing nganggo sepatu, sing sandhalan jepit, lan sing mung cekeran, ditampa tanpa pilah.
Nanging, katone masyarakat modhern pancen tansaya ora bisa nampa watake tradhisional. Wis kangelan nglodhangake wektu kanggo nyang-nyangan. Wis ora butuh srawung karo wong pirang-pirang. Wis ora pati maelu rasa kamanungsan. Sauger duwe dhuwit, apa sing dikarepake mesthi keturutan. Ora kudu nglodhangake wektu. Ora dadak kangelan nyang-nyangan. Wis cukup duwe telepon. Wis cukup akon batur.
Mangsa borong nasibe simbok-simbok bakul sing tansaya kelangan papan kanggo srawung. Semono uga nasibe wong-wong sing dhompete ora kandel. Muga-muga diparingi kalodhangan mlebu mall, senajan mung kanggo ngrasakake mancik escalator. Senajan ora keduman papan kanggo dhedhasaran. Senajan ora kuwat blanja nyukupi kabutuhan.
Muga-muga ora ana maneh kabar pasar kobongan.
(Harian Jogja, Minggu Kliwon, 6 Juli 2008)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar